Senin, 10 November 2008

Slenco

Mas kangmas namine sinten?
Sakniki dintene Saptu
Masa kangmas kesah teng pundi?
Sapi kulo pun manak pitu

Duh aduh jenengan pripun?
Sakniki pun mboten ngalor
Dene menopo kong wangsung ngidul?
Kulo niki namine sinten

Aduuh.. kok ngjengkelke
Dijak ngendikan kok mrono mrene
Ndadi ora karuan
Estunipun menopo saliwang?

Kulo mboten udud
Rumiyin kulo teng Suroboyo
Kapan dino jemuah
Kulo mbenjang bade tindak pundi

Ping kuping walah opo jamur
Ora mungkin [mungkin, mungkin] mripatku lamur
Penak meneng ora caturan
Memang aku ganteng tiada tandingan

Aja Lamis

Ojo sok gampang
janji wong manis
yen to amung lamis
Becik aluwung prasojo nimas
ora agawe cuwo

Tansah ngugemi
tresnamu wingi
jebul amung lamis
koyo ngenteni thukuling jamur
ing mongso ketigo

Aku iki prasasat
loro tan antuk jampi
mbok ojo amung lamis
kang uwis dadine banjur didis

Akeh tulodo kang demen cidro
Uripe rekoso
milih sawiji ngendi kang suci
tanggung biso mukti

Bojoku Nakal

Bojoku nakal saiki
Saben dino ngeloro ati
Sing mikir anak lan istri
Sak niki jarang mbelanjani

Aku nggaak.. kuat
Aku nggaak.. tahan
Penak pilih urip dewe’an

Bojoku nakal saiki
Saben dino ngeloro ati
Gawene mabuk-mabukan
Ra mikirake pegawaian

Yii ha!..
Ayo Pak De.. njoged Pak De
ha’ ha’…

Tak jaluk..
Mikiro karo anak diko
Elingo, Tobato
Ojo mung… nggawe dosa

Bojoku nakal saiki
Saben dino ngeloro ati
Gawene mabuk-mabukan
Ra mikirake pegawaian

Aku nggaak.. kuat
Aku nggaak.. tahan
Penak pilih urip dewe’an

Bojoku nakal saiki
Saben dino ngeloro ati
Ra mikir anak lan istri
Saiki jarang mbelanjani

Tak jaluk..
Mikiro karo anak diko
Elingo, Tobato
Ojo mung… nggawe dosa

Bojoku nakal saiki
Saben dino ngeloro ati
Sing mikir anak lan istri
Sak iki jarang mbelanjani

Anting - Anting

Ting anting ‘mbang cempoko
tondo moto soko seliramu
Ting anting tondo tresno
lahir bathin sineksih lintange wluku

Ling eling dek semono
rembulane ketutupan mego
gawe kekesing ati
nganti anti tekane radyan permadi (si jantung hati)

[Reff: 2X]
Anting-anting dhek kembang cempoko
woheing aren mbokyo eling dhok semono
Emprit gantil menclok ning witing pari
tansih gumantil ono njero ning ati

Ting anting ‘mbang cempoko
tondo moto ugo tanda tresno
Ling eling dek semono
yen ra nyandhing rasane ning ati gelo

[Kembali ke Reff:]

Minggat

Sri, kapan kowe bali
Kowe lungo ora pamit aku
Jarene neng pasar, pamit tuku trasi
Nganti saiki kowe durung bali

[Reff:]
Sri, opo kowe lali
Janjine sehidup semati
Aku ora nyono kowe arep lungo
Loro atiku, atiku loro

Ndang balio.. Sri
Ndang balio…o
Aku loro mikir kowe
ono ning endi

Ndang balio.. Sri
Ndang balio.. o
Tego temen kowe minggat
ninggal aku

Yen pancene Sri
kowe eling aku
Ndang balio
Aku kangen setengah mati

(Sri kowe nong endi to Sri?
ndang balio to Sri
aku kangenn…. banget)

[kembali ke Reff:]

Rek Ayo Rek

Rek ayo rek
m’laku-m’laku nang Tunjungan (ayo ngan)
Rek ayo rek
rame-rame bebarengan (ayo ngan)

Cak ayo cak
sopo gelem melu aku (ku ku)
Cak ayo cak
golek kenalan cah ayu

Ngalor ngidul liwat toko ngumbah moto
Masiyo mung nyenggal-nyenggol ati lego
Sopo ngerti nasib awak lagi mujur
kenal anake sing dodol rujak cingur

‘Jo dipikir kon podo gak duwe sangu (ayo ngu)
‘Jo dipikir angger podo gelem mlaku (ayo ku)
Mangan tahu jo dicampur nganggo timun (mun mun)
Malem minggu gak apik digowo ngelamun

~{}~

Lhah sopo ngerti nasib awak lagi mujur
kenal anake sing dodol rujak cingur

‘Jo dipikir kon podo gak duwe sangu (ayo ngu)
‘Jo dipikir angger podo gelem mlaku (ayo ku)
Mangan tahu jo dicampur nganggo timun (mun mun)
Malem minggu gak apik digowo ngelamun

Malem minggu gak apik digowo ngelamun

Cinta Tak Terpisahkan

Duh Denok gandulani ati
tegane nyulayani
Janjimu sehidup semati
amung ono ing lati

Rasa sayangmu sudah pergi
tak mengihiraukan aku lagi
Duh Denok gandulani ati
tegane nyulayani

Duh kangmas jane aku tresno
lilakno aku lungo
Ati ra kuat nandang roso
roso keronto-ronto

Cintamu sudah nggak beneran
Aku Cuma buat mainan
Duh kangmas jane Aku tresno
Lilakno aku lungo

·~{}~·~()~·

Tresno iki dudu mung dolanan
kabeh mau amergo kahanan
Seng tak jaluk among kesabaran
mugi Allah paring kasembadan

Mung ngedem atiku
ben aku ra mlayu
dan tanggung jawabmu
iku palsu

Denok aku cinta beneran
pastikan ku buktikan
Bapak ibuku akan datang
melamar dikau sayang

Hatiku selalu mendoakan
semoga Tuhan mengabulkan
Cinta kita tak terpisahkan
walau di akhir jaman

Pegat Tresna

Aduh nelangsa atiku
Pegat tresna lawase seminggu
Yen dalu ra bisa turu
Aku tansah kelingan sliramu

Janjiku ra nguciwani lahir batin
Tresnaku kang suci
Tresna abot jroning ati
Sumpah prasetya besuk nganti mati

Yen kowe kurang percaya
Bedhalen atiku jroning dhadha
Sumpahku ora sulaya
Wedi bendune kang Maha Kuasa

Adhuh kangmas katresnanku
Aja sliramu nyiksa batinku
Aku tresna setya tuhu
Urip bareng sumandhing sliramu

Bung Karno

Bung Karno putra fajar
Cahyane amadhangi pertiwi
Lara lapa bela bangsa
Amrih merdika, rela bela pati

Bung Karno bapak bangsa
Satuhu ngayomi pra kawula
Kang andhudhah Pancasila
Dasar negara filsafate bangsa

Reff :
Bung Karno kembang jagat
Angganda arum ngebaki pertiwi
Sesorake kebak daya
Nggugah semangat kawula sanagri

Bung Karno proklamator
Tonggake sejarah kamardikan
Penyambung lidah rakyat
Peparape lan presiden kang sepisan