Senin, 10 November 2008

Bung Karno

Bung Karno putra fajar
Cahyane amadhangi pertiwi
Lara lapa bela bangsa
Amrih merdika, rela bela pati

Bung Karno bapak bangsa
Satuhu ngayomi pra kawula
Kang andhudhah Pancasila
Dasar negara filsafate bangsa

Reff :
Bung Karno kembang jagat
Angganda arum ngebaki pertiwi
Sesorake kebak daya
Nggugah semangat kawula sanagri

Bung Karno proklamator
Tonggake sejarah kamardikan
Penyambung lidah rakyat
Peparape lan presiden kang sepisan

Tidak ada komentar: