Senin, 10 November 2008

Pegat Tresna

Aduh nelangsa atiku
Pegat tresna lawase seminggu
Yen dalu ra bisa turu
Aku tansah kelingan sliramu

Janjiku ra nguciwani lahir batin
Tresnaku kang suci
Tresna abot jroning ati
Sumpah prasetya besuk nganti mati

Yen kowe kurang percaya
Bedhalen atiku jroning dhadha
Sumpahku ora sulaya
Wedi bendune kang Maha Kuasa

Adhuh kangmas katresnanku
Aja sliramu nyiksa batinku
Aku tresna setya tuhu
Urip bareng sumandhing sliramu

Tidak ada komentar: